Udan deres wayahe wis wengi
Njur kelingan lungamu dek wingi
Apa wis dadi garising pesti
Kowe bakal cidro janji
Senadyan uripku rekasa
Kabeh mau bakale tak tampa
Nuruti gegayuhaning rasa
Bebrayan urip klawan ndiko
Kowe lungo tanpa kabar nganti seprene
Laraning ati sing nyangga aku dewe
Ora ngiro yen bakal ngene dadine
wis-wis yowis yen ngono
Yo wis tak lilak-ake
Lelagon sing gawe trenyuhe ati. Sepiro abote rasa naliko ditinggal lungo dening kekasihing ati. Prasaat layangan pedot taline, ngleyang ngumbowara tekan ngendi-ngendi. Saking bingunge ati. Ning kanthi iklase penggalih, akhire kudu iso nampa kahanan sing jelas nglarake ati. Masio laraning ati wis ora tan keno kinucap karo lambe, piya-piye jenenge manungso hamung saderma nglampahi opo sing wis dadi pepestine sing nggawe urip, mulo ora keno selak lan nyingkrih soko kasunyatan, diadepi wae sak kuate ati lan awak.
Jare cobaan saka Gusti ora bakal kliwat teko kekuatane makhluk'e, mulo ayo podo dedungo amprih di dohne saka balak!
Jare cobaan saka Gusti ora bakal kliwat teko kekuatane makhluk'e, mulo ayo podo dedungo amprih di dohne saka balak!
apik tenan! aku dadi kelingan nalikone urip ning jowo biyen