Dungo Pinter Golek Duit

Diposting oleh java | 18.08

Mangerteni urip sing soyo angel tumprap wong mlarat saking cupete bekakas lan sak andahane. Andadekne petenge penggalih naliko nyawang sarto krungu kabar bab wong-wong sing dianugrahi panguripan luwih penak ing bab bondo dunyo. Ora mergo iri terus dengki ananging sebab musababe kroso mlencenge roso adil nang sekabehane babakan urip soho panguripan ing negoro iki.

Ora mukal yen to akeh sing podo muntab terus nuntut keadilan nang pemerintah sing duwe penguoso marang tatanan urip koyo kang wis den cita-cita'ne mbah-mbah jaman biyen. Menyangopo kok kemlaratan ora age-age sumingkir soko negri iki. Kenengopo kesusahan tikel matikel ngeblegki wargo ing negri iki. Pitakon-pitakon sumpeking ati terus deres kaweton teko sajroning ati.

Ewodene aku lan kowe kabeh, tak kiro yo wis podo ngerti lan ngrasakne sak ora-orane meruhi sambate dulure dewe sing mlarat-mlarat tur bodo. Jerite bocah-bocah cilik keluwen, tangise ibu-ibu anggene open-open keluarga, rekasane bapak-bapak golek pangan gawe anak sak bojone. Pisuhane nom-noman sing podo angel mujudne masa depane, lan sak panunggalane, pungkasane gur jancuk lan juancuk !

Opo yo gur semene kemampuane wong sak Indonesia anggene njalakne amanah teko mbah-mbah sing wis setor nyawa gawe kemerdekaan uripe dewe saiki? Opo yo wis ora enek sing duwe ati lan nurani gawe urip sing koyo sing wis dititahne karo Gusti Kang Akaryo Jagad dalah Gusti kang nyiptakne sekabehane umat ing dunyo iki.

Prasasat urip gur mampir ngombe, aku lan kowe kabeh mestine yo arep nerusne lakon ora ono panggon ampiran liyane maneh kejobo modar alias mati budal ninggalne dunyo. Ora usah diomongi tak kiro yo kabeh wis meruhi menowo samubarang sing urip bakal mati. Kejobo Gusti sing andarbeni panguripan iki. Yo wis sakmestine yen to podo golek sangu sak akeh-akehe gawe budal mati.

Uang bukan sagalanya tapi segalanya pakai uang. Mulo kabeh podo rebutan duit, kabeh podo ngeruk duit emboh piye carane sing penting oleh duit. Duit dadi tujuan urip. Ora duwe duit berarti podo karo ora iso urip. Yen duwe duit, terus lali karo sejatine urip. Sabendino numpukk-numpuk duit, mergo budal mati yo sik butuh duit, sak ora-orane naliko butuh kain mori yo kudu ngetokne duit, kecuali modar nang alas ora ono sing ngonangi, ateges lebur dipangan set utowo kewan liyane.

Wong saiki gari setitik sing gelem tetulung marang sepodo-podo amergo gawe nulung awake dewe wis rekoso. Anane piye amprih urip mulyo masio kudu merjoyo sepodo. Akeh wong tuwo nyekolahne putrane kelawan dedungo mugo-mugo pinter golek duit.




0 komentar