Adol Awak

Diposting oleh java | 04.40

Nyedaki sampurnane urip ngadepi pirang-pirang kasusahan sing kasandang naliko nggayuh nikmating urip tansoyo sirno. Yen pemerintah sido ngundakne rego BBM adedasar rego minyak nang jagad iki yo ancene mundak saking tipise persediaan alam. Lengkap wis sengsarane urip nang Indonesia. Sido kelakon larang sandang pangan opo maneh papan.

Mertandani yen dunyo iki ancene wis tuwek, mbarang-mbarang nyedaki entek, semono ugo imane menungso marang Kang Moho Dumadi gari nang lambe, wong kasunyatane kamursalan-kamursalan lelakone manungso sing soyo kandel.

Ora ono sing ditoleh maneh kejobo abote nggowo awake dewe-dewe anggene nerusne lelakoning urip nang jagad amoh iki. Nang ngendi-ngendi isine sambate urip tansoyo banter olehe njerit. Kahanan ora tentu, wong-wong wis podo ora percoyo marang siji lan sijine. Lek oleh dijaluk bandane, nanging lek gak oleh diilangne nyawane disik amprih longgar anggene colong jupuk, pek-pinepek bondone liyan, ganyang-ganyangan karo sedulure dewe lan liyo-liyane.

Ojo terus kaget mergo kahanan sing koyo mengkono yen akeh sing dodolan awak ( nglonthe ) hamung gawe nyukup-nyukupne butuhe urip. Ketok ino lan gak duwe rego diri yo bene sing penting iso terus unjal ambegan. Mergo wis ora enek liyane sing kenek di lakoni kejobo adol awak.

Abot sanggane dadi wong wedok. Sepisan wae dodolan awak mulo selawase awake bakal ketaton. Bedo karo sing nuku awake wong wedok ( lonthe lanang ) masio pirang-pirang anggene tetukon yen disawang tetep wae ora kalong, kejobo titel tukang nglonthe!

Kabeh kudu iso nompo kahanan Indonesia iki sing soyo ora nggenah, mergo polahe wong-wong sing sak enak udel'e dewe. Yen to akeh wong wedok sing adol awak gawe nerusne urip, ora usah kesusu terus nyalahne moral'e sing dodol awak. Masio ora kabeh ning roto-roto kabeh mau kepekso mergo kahanan. Sopo sing nggawe kahanan koyo mengkono..? jawaben dewe cuk !


0 komentar