Bubrah !

Diposting oleh java | 05.03

Jare wong beradab iku ora bakal gawe lara marang liyan, ora gawe wedi marang liyan. kasunyatane wong-wong sing nang njobo iku isih tegel lan tego nggepuki lan ngantemi marang sepodo. Adedasar agomo sing jarene paling kenceng dewe, terus wani lan tegel ngepruki sirah lan awak marang liyane sing jare wis salah kaprah.

Byuh...!
Ngono kuwi opo yo wis ora kebayang, misale sing dikepruki bapake dewe utwo ibune dewe. Kok lek adigang adigung adiguna nemen banget. Perkoro agomo pokok nglakone barang sing apik, terus ngopeni badane dewe-dewe opo ora wis cukup. Wong liyo bah nyembah watu, bah nyembah banyu, opo maneh nyembah suket opo ora urusane dewe-dewe.

Mbelani agomo, mbelani Gusti Allah... byuh...byuh... ketok lek lemah agamane tur nglokro Gusti Allahe. Mlaku sak mlaku main kepruk, nggepuk, mancal lan njejek marang wong sing ora podo syariate dadi kelakuan sing halal, lan dianjurne.

Bubrah wis... !

0 komentar