Matane picek!

Diposting oleh java | 05.07

Ndelok perkembangane teknologi saiki jian gak nutut uteqku. Saiki koyo-koyo kabeh irung njungkel iso sing jenenge ngoperasekne komputer. Gek sing jenenge raine komputer kuwi yo dudu barang murah mungguhku. Cuk mlarat maneh!

Naliko semono pas sik iso sekolah, enek pelajaran komputer, tapi yo pancet gak nyandak uteqku. Sak liyane isin karo konco-konco mergo angger arep mlebu lab komputer ndadak ngliwati ruang TU. Lha nang ngarep ruangan kuwi mesti Bu sopo kae mboh aku lali, angger weruh aku terus nyelok, banjur takon kapan mayar iuran komputer..? Diancukkk lek kelingan malih isin, mergo nang ngarepe konco sak kelas.

Masio akhire iso mlebu lab, tapi uteq sak atiku wis ora melok nang lab. Komputer tak empakne, terus sukur mijet sing jenenge mouse. Rasane gur kudu mbanthing tok! Mangkel karo kondisiku, sing sarwo cupet.

Ora lido' lek aku saiki yo goblok soal njalakne komputer. Opo maneh perkembangane program-program komputer sing tansoyo ngembang gak karu-karuan. Jian ora nutut lek gur bocah koyo aku iki. Tapi yo wislah ora popo, ancene yo ngene iki kahanane. Arepo dikoyongopo yo wis anane gur koyo ngene. Isane yo gur sakmene, sak ora-orane saiki enek komputer gawe blajar.

Krungu para DPR nganggarne duit mak yuto-yuto gawe tuku laptop, beh rasane jian mentolo misuhi. Wong-wong kae opo yo wis podo budek, opo malah ancene wis picek! Lek jare wakil rakyat, mbok ndelok rakyate, khususe bocah-bocah sing isik sekolah kae. Aku muni ngene iki mergo ngalami dewe sepiro abot sanggane dadi bocah anake wong mlarat, pingin sekolah apik fasilitase tapi ora kuat ragat, isone mlebu sekolahan sing sarwo kurang perangkate. Ditambah maneh kondisi guru-guru sing umume sak karepe dewe anggene ngajar yo mergo wis podo mumet golek sandang pangan gawe keluargane!

Kesimpulane, wong mlarat semakin mlarat koyo sing wis dinyanyekne Bung Kaji Oma Irama kae yo enek benere. Apane ora bener? wong mlarat iku gandengane goblok. Mergo mlarat ora iso ngilaki gobloke. Lek wis kondisi goblok, apane maneh lek gak mlarat. Mulek tho? mbokne ancuk tenan!

Salahmu gelem mlarat? Lha awakmu lumuh, ora gelem kerjo! Ora gelem sinau, males usaha! Arep polah piye maneh, lek mbarang-mbarang sarwo angel, ditambah ketrampilan sing ora duwe blas! Mergo yo ora enek ubo rampene gawe sekedar iso. Urip sabendino gur gawe obah amprih iso mangan sak anane, ora enek liyane kejobo gawe nyambung nyowo ben tetep krasan nang awak goblok iki. Yo sik untung nyowo sitok iki sik rodok krasan. Suwe-suwe opo ora yo minggat.

Hoe.. sopo wae sing ngerti lan weruh dalan, lek podo ora picek, khususe sampeyan-sampeyan sing duwe wewenang gawe kebijakan, nang pemerintahan. Sak durunge kabeh sarwo telat, sak durunge kabeh mowo laknat. Mbok yo rodo mikir kahanane rakyatmu. Sak angel-angelmu urip, minimal awakmu gak duwe masalah badokan. Deloken rakyatmu sing ketehele-thele golek untalan, gawe ngisi weteng amprih nyawane tetep anteng. Lek kowe kabeh isik mbegegeg mikir wetengmu dewe, entenono bebendu soko Kang akaryo jagad. Aku opo kowe disik sing bakal budal nang akherat!

0 komentar