Timbang sumpek nyimpen uneg-uneg nang sirah sing kadang nggatheli. Iseng-iseng gawe blog ben iso ngutahne isine batuk nang internet. Ora enek maksud ngelokne wong liyo opo maneh nduwe tujuan elek gawe kisruh nang jagad internet. Iki ngono gur omongane bocah ndeso sing ora ngerti opo-opo mergo ora tau mangan sekolahan. Arep sekolah ndadak adol omah sak lemah kuburane. Timbang batangku mbesok di guwak nang kali mergo lemah kuburan wis gak gablegh di dol gawe sekolah. Mending gak sekolah, mbesok lek modar ben dipendem nang kuburan koyo wong lumbrah, ora koyo ashu!.
Ancene yo jiancuk tenan urip nang jaman saiki. Jare pendidikan iku hak rakyat, jare pendidikan arep digawe murah sak murahe, jare... jare... embohlah sing jelas lek tak rasakne koyo taek kabeh! Emboh sopo sing salah, aku yo ora paham, yo ora arep nuntut opo maneh ngemis-ngemis ben iso sekolah. Karodene yo ora bakal ngerti arep ngemis nang sopo! Wong kabeh yo ngerasakne angele golek biaya kanggo ngeragati sekolah. Durung urusan urip liyane sing tak rasakne yo ora enek sing enteng. Kabeh sarwo abot, sarwo soro, sarwo tirakat.
Urip ancene nggatheli. Arep mati yo sik mikir gek engko malah ngrepoti wong liyo. Terus arep polah opo saiki? Sekolah ora iso, golek penggawean yo wis angel. Opo maneh gawe penggawean! Opo yo tenan yo lek kiamat kuwi wes cedek? Terus opo hubungane? oala emboh... !

Posting Komentar