Polahe Wedokan !

Diposting oleh java | 20.03

Wedokan saiki soyo maju, ora koyo jaman ndisik sing nangdi-nangdi nggawe jarit, centingan. Pikirane simple, mergo yo gak diwehi pilihan urip kejobo manut lan mituhu omongane wong tuwane. Wong wedok iku jare suwargo nunut neroko katot tumprap wong lanang. Dadi sepiro cupete lan ora nduweni hak milih dalane uripe dewe koyo sing enek nang pikirane, mergo naliko lahir ceprot wis didoktrin adat lek uripe mung gawe tambel butuhe wong lanang.

Sampe' kaweton pribasan, wong wedok iku cukup iso Macak-Manak-Masak, wis sempurno uripe. Byuh...! Wong wedok bener-bener dijajah wong lanang uripe. Pikirane dipateni, kekarepane dibatesi, polahe dipageri, wujude ditumpaki!

Jaman wis berubah! Nang Indonesia sing dadi pahlawane wong wedok Ibu R.A. Kartini, piye critane lan perjuangane wis diudari nang sekolah SD. Totokromo lan andab asor dijejelne nang batuke, masio sekolah wis dibebasne artine wong wedok oleh sekolah sampe sundul langit, nanging wong Indonesia sik pancet nyawang asor nang pribadine mergo yo sik lemah miturut anggepe wong lanang. Terus maneh nang syariat'e wong Islam, wong wedok ora oleh mbalelo opo maneh nglawan nang wong lanang sing dadi bojone. Olehe gur nggah-nggih mboten kepanggih!

Megawati Soekarno Putri, wong wedok sepisanan sing iso lungguh nang kursi paling duwur negoro Indonesia. Tapi yo ora suwe! Masio kiwo-tengene wis dipageri wong lanang-lanang sing hebat-hebat. Pancet wae ngglethak lengser teko kursi kuwi.

Saiki wong wedok Indonesia bebas sak bebase, kabeh oleh lan iso anduweni impen gawe masa depan uripe. Sekolah iso sak duwure nganti njeplak uteqke. Profesi utowo karier iso sak pucuk-pucuk'e jabatan, iku wis di lekasi karo Megawati.

Mbalek noleh nang kiwo tengen budayane wong wedok jaman saiki khususe para prawan (istilah wong wedok sik nom -remaja-)kadang yo nggegirisi. Ora enek bocah wedok saiki sing jaritan kecuali naliko wisuda utowo dadi manten. Jaritan iku kuno sak kuno-kunone.

Budoyo teko 'barat' ora keno dibendung maneh, wong jowo ilang jawane. Ora mokal yen bocah saiki wis podo ora biso basa jawa. Mergo basa daerah gur gawe ribet ora nambah cepete nggayuh masa depan khususe nang karier. Mulo saiki yen enek bocah isih iso ngomong nggawe boso daerah di guyu lan di enyek, ndeso!

Durung maneh tindak tanduke bocah nom saiki, khususe para prawan sing wani ngundang lanangan. Bocah wedok meteng turut ndalan sak pirang-pirang. Free sex, kenthu, onyin, utowo ngenthot dadi lelakon biasa, lelakon umum tumprap masyarakat. Memang wis teko titiwancini menowo iki jaman edan. Lek ora edan yo ora kumanan. Wong waras malah disebut wong gendeng mergo 90% wis edan kabeh!

Negoro Rusak !

Diposting oleh java | 02.35

Naliko jaman penjajahan, wong indonesya iso kompak, ngendi-ngendi gawe pergerakan nglawan penjajah walondo lan jepang. Saben dino anane mung rekoso, prihatin lan muncrating getih perjuangan. Sampe teko titiwancine Indonesya merdeka tanggal 17 agustus 1945.

Sak banjure bongso Indonesya ngisi kemerdeka'ane karo pembangunan, sak anane, sak mampune, nek ngrungokne pidatone Bung Karno sing nduwe niat lan impen menowo Bongso Indonesia kudu iso ngadek nang nduwure sikile dewe, ateges ora bakal tergantung utowo ngandalne pitulungan bongso liyane.

Generasi muda saiki meruhi perjuangan mbah-mbahe teko buku-buku utowo filem dokumenter. Sepiro abote urip jaman semono, ditindes karo matane penjajah! Sampe saiki mungkin sik akeh sing kroso mangkel karo raine penjajah. Mergo angel gawe nyalurne roso muntab nang penjajah mergo jamane yo wis berubah, ora lidok dulure dewe sing di ganyang. Nangdi-nangdi berita kerah utowo gegeran antar kampung, gegeran rakyat karo pihak keamanan naliko enek demo, gegeran penggusuran lan liyo-liyane.

Sak wise Presiden Soeharto lengser, bongso Indonesia ngandalne sing jare orde reformasi, samubarang kudu ditoto ulang ben luwih apik. Ora koyo jamane Soeharto sing jare menurut wong umume kebak KKN, lan ora ngowehi ruang hak asasi.

Kasunyatane naliko kran demokrasi era reformasi dibukak blak, bongso Indonesia lali paugeran, kliwat bates, bebas sak bebase, sampek ngerusak sembarang-barang gawe mujudne sepiro bebase jaman reformasi iki. Anane mung saling ganyang, sopo sing ruso, sopo sing kuat yo iku bakal dadi penguoso. Kabeh ndudohne siung sing wis disimpen cukup suwe, mlakune koyo macan luwe, opo-opo sing ketok nang ngarep moto langsung disikat.

KKN ora alah kurang tapi malah ngidap-ngidapi, korupsi semono ugo, tambah edan! Birokrasi yo tambah mbulet koyo entut. Transparansi mung slogan, tetep wae ditutup-tutupi amprih rakyat gak weruh, amrih rakyat pancet iso diapusi. Yen ndelok Indonesia gemah ripah loh jinaweh, sak mestine rakyat iso makmur lan mulyo, tapi kasunyatane, rakyat sik akeh sing ketere-tere, ndlosor-ndlosor, gulung koming naliko golek sego sak pulukan wae. Sewalike wong pemerintahan umek mikir udel'e dewe, wis nompo gaji teko rakyat, tapi sik tego lan mentolo ngerampas hak-hak'e rakyat.
-hak urip mulyo
-hak dadi wong pinter
-hak oleh pengayoman
-lan hak liyo-liyane

Mulo ojo kaget lek kesabarane rakyat entek, pemerintah nggoling, buyar dadi sak krikil-krikil, kenek bebendu mergo sio-sio nang nasib'e rakyat!

Matane picek!

Diposting oleh java | 05.07

Ndelok perkembangane teknologi saiki jian gak nutut uteqku. Saiki koyo-koyo kabeh irung njungkel iso sing jenenge ngoperasekne komputer. Gek sing jenenge raine komputer kuwi yo dudu barang murah mungguhku. Cuk mlarat maneh!

Naliko semono pas sik iso sekolah, enek pelajaran komputer, tapi yo pancet gak nyandak uteqku. Sak liyane isin karo konco-konco mergo angger arep mlebu lab komputer ndadak ngliwati ruang TU. Lha nang ngarep ruangan kuwi mesti Bu sopo kae mboh aku lali, angger weruh aku terus nyelok, banjur takon kapan mayar iuran komputer..? Diancukkk lek kelingan malih isin, mergo nang ngarepe konco sak kelas.

Masio akhire iso mlebu lab, tapi uteq sak atiku wis ora melok nang lab. Komputer tak empakne, terus sukur mijet sing jenenge mouse. Rasane gur kudu mbanthing tok! Mangkel karo kondisiku, sing sarwo cupet.

Ora lido' lek aku saiki yo goblok soal njalakne komputer. Opo maneh perkembangane program-program komputer sing tansoyo ngembang gak karu-karuan. Jian ora nutut lek gur bocah koyo aku iki. Tapi yo wislah ora popo, ancene yo ngene iki kahanane. Arepo dikoyongopo yo wis anane gur koyo ngene. Isane yo gur sakmene, sak ora-orane saiki enek komputer gawe blajar.

Krungu para DPR nganggarne duit mak yuto-yuto gawe tuku laptop, beh rasane jian mentolo misuhi. Wong-wong kae opo yo wis podo budek, opo malah ancene wis picek! Lek jare wakil rakyat, mbok ndelok rakyate, khususe bocah-bocah sing isik sekolah kae. Aku muni ngene iki mergo ngalami dewe sepiro abot sanggane dadi bocah anake wong mlarat, pingin sekolah apik fasilitase tapi ora kuat ragat, isone mlebu sekolahan sing sarwo kurang perangkate. Ditambah maneh kondisi guru-guru sing umume sak karepe dewe anggene ngajar yo mergo wis podo mumet golek sandang pangan gawe keluargane!

Kesimpulane, wong mlarat semakin mlarat koyo sing wis dinyanyekne Bung Kaji Oma Irama kae yo enek benere. Apane ora bener? wong mlarat iku gandengane goblok. Mergo mlarat ora iso ngilaki gobloke. Lek wis kondisi goblok, apane maneh lek gak mlarat. Mulek tho? mbokne ancuk tenan!

Salahmu gelem mlarat? Lha awakmu lumuh, ora gelem kerjo! Ora gelem sinau, males usaha! Arep polah piye maneh, lek mbarang-mbarang sarwo angel, ditambah ketrampilan sing ora duwe blas! Mergo yo ora enek ubo rampene gawe sekedar iso. Urip sabendino gur gawe obah amprih iso mangan sak anane, ora enek liyane kejobo gawe nyambung nyowo ben tetep krasan nang awak goblok iki. Yo sik untung nyowo sitok iki sik rodok krasan. Suwe-suwe opo ora yo minggat.

Hoe.. sopo wae sing ngerti lan weruh dalan, lek podo ora picek, khususe sampeyan-sampeyan sing duwe wewenang gawe kebijakan, nang pemerintahan. Sak durunge kabeh sarwo telat, sak durunge kabeh mowo laknat. Mbok yo rodo mikir kahanane rakyatmu. Sak angel-angelmu urip, minimal awakmu gak duwe masalah badokan. Deloken rakyatmu sing ketehele-thele golek untalan, gawe ngisi weteng amprih nyawane tetep anteng. Lek kowe kabeh isik mbegegeg mikir wetengmu dewe, entenono bebendu soko Kang akaryo jagad. Aku opo kowe disik sing bakal budal nang akherat!